freepik.com
Panganggit: Shinta An Nuriyah Hannah
Indonesia, tanah air kula ingkang kinurmatan,
ngadeg jejeg wonten ing sangisoring langit
kamardikan.
Pangajeng-ajeng kula mugi tuwuh wonten saben
lampah panjenengan,
supados tentrem tansah nyelimuti nagari kula.
Putra-putri sinau tanpa rasa was-was,
ngelmu dados hak, boten malih dados abot
ingkang meneng.
Tani mesem wonten ing sawah ageng,
nelayan bungah nyumerepi pajar wonten segara
ingkang bebas.
Pangarsa jujur, gadhah manah resik,
memandang rakyat boten namung cariyos
sakderengipun.
Kaadilan rawuh tanpa milih,
ngawarna bumi kanthi cahya ingkang anget.
Indonesia, mugi tansah dados swanten tunggal,
nglempak bebarengan tumujuing kabegjan,
nrajut ngimpi kangge salawas-lawase



0 Komentar